Sabtu, 07 Desember 2013

Dagelan ‎​Jeruk Loro

Dagelan ‎​Jeruk Loro :D

Badrun karo Sodron bengi-bengi peteng ndedet nyolong jeruk neng kebon, lagi oleh setengah karung, ono asu njegog langsung mlayu buanter wedi selak konangan.

Tekan ngarep Gerbang Kuburan angker jeruke tibo ngglundung loro,
tapi ditinggal wae mergo kesusu arep cepet-cepet ngumpet neng mburi kijing timbang konangan.

Kendel tenan maling loro iki....

Kiro-kiro wis aman,
Badrun karo Sodron wiwit bagi hasil..

"Aku siji.... kowe siji.... aku siji.. kowe siji.. aku siji.. kowe siji...."

Ngono terus nganti ono wong liwat,
yoiku Si paijo, kaget lan mandeg mrinding krungu sworo aneh seko njero kuburan angker......

"Aku siji.. kowe siji.. aku siji.. kowe siji......."

Saking wedine Paijo mlayu marani daleme pak Kyai cedhak kono lan karo ngos-ngosan pucet ndeprok dengkule meh copot crito memedi suara neng kuburan wingit mau.

Pak Kyai penasaran,
ngajak Paijo ngindik neng ngarep Gerbang Kuburan, ora wani mlebu.
Paijo gemeter gocekan sarunge pak kyai seko mburi...

Seko jero kuburan tetep krungu sworo :

"Aku siji.. kowe siji.. aku siji.. kowe siji..."

"Pak Kyai nopo niku sworo malaikat itung2an nyowo menungso sing sampun dicabut ajeng dilaporke dumateng gusti sing kuwaos pak Kyai ?" takon Paijo bisik-bisik gemeter keweden....

"Mbuuh aku dewe ora paham" jawabe pak Kyai karo megeng napas...

Ora suwe ono sworo maneh seko njero kuburan..

"Iki wis rampung kabeh,
saiki kari loro neng ngarep Gerbang Kuburan kae, arep dijupuk sopo?
Kowe opo aku??"

Pak Kyai lan Paijo: 
 "WAAAAAAAA.....blaikkkk.....!! "

Njenggirat kaget saknaliko pak Kyai lan Paijo mlumpat kalen mbradat mlayu keponthal-ponthal, tibo glangsaran tangi maneh nganti sandale keri..... lan sarunge mlorot....... kepentut-pentut...-

Нa..ː̗̀<=-Pː̖́нa..((((=D))))нa..ː̗̀=Dː̖́Ha=))(y)
Powered by Telkomsel BlackBerry®

Tidak ada komentar:

Posting Komentar