Selasa, 31 Maret 2015

Saat Begal Marak (Humor)

Lagi nglaras numpak sepeda motor, sak klebètan soko koco sepion, kéthok ono sing ngoyak, wong 2 boncèngan, jakét kulit, hèlem'é 'full face', ora kethok rupané. Sing mboncèng mburi tangané ngawé-awé, kode bèn aku minggir....

"Wah.., blaik..! Iki mesti bégal ngincer motorku, sakiki 'rak lagi usum, koran2 karo tivi akih mbritakaké", batinku....
"Motor 'nggo modal nyambut gawé jé, nèk karampas piyé....??"

Gas motorku tak pancal sak banteré, awak nganti ndredheg kemringet. Yo tenané, jujur, aku kuwatir tur wedhi, wong arep dibègal, (batinku nèh).
Tangan sisih tengen nganti loro lé mlintir handel setang, pokoké pol2an. Sarono nggo nggolèk pangan, koq arep dirampok.
"Taat tiiit..., taaat tiiiitt...!" Nglakson bola-bali bèn sing nèng ngarep dho semingkir.
Ning piyé manèh, honda astrea tuwo 'ki mbok gas'é diplintir sak kemengé, ngenti 'kaing-kaing mbengok, mlayuné sepiro..? Lha sing ngoyak, tak lirik 'ki tumpakané koyo ninja 250 cc.
Berjuang nganti tètès darah terakhir..., aku kesusul wis... Pasrah bongkokan....!

Pas njèjèri nèng sisih tengen, sing mboncèng mburi mbukak koco hèlemé, karo rodho mbengok (bèn aku krungu) kondho,:
"Brooo...., kaé lho..., bojo sampéyan kèri nèng pom bensin.....!"

NN

Sent from my BlackBerry 10 smartphone on the Telkomsel network.